Search

Rabu, 10 September 2014

KURBAN BAHASA JAWA



اَلْحَمْدُ للهِ اَّلذِى هَدَانَا ِلهَذَا وَمَا كُنَّا ِلنَهْتَدِيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَااللهُاَشْهَدُ اَنْ لآاِلَهَ اِلاَّاللهُ وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَ بَعْدَهُ لاَحَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّ بِاللهَ اْلعَلِيِّ اْلعَظِيْمِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَ نَا مُحَمَّدٍ خَتَمِ اْلأَ نْبِيِاءِ وَاْلمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمِ. فَيَا اَيُّهَااْلُمْسِلُمُوْنَ فَيَا اَيُّهَا اْلُمؤْمِنُوْنَ رَحِمَكُمُ الله اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله : ِإتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Poro Hadirin Sidang Jum’t Rokhimakumulloh.
        Monggo kito tansah ningkataken anggen kito sami TAQWAlloh saben ndintenipun, kranten  kanthi TAQWA, kito sedoyo saget manggeh keslametan dunia akhirat.
Jamaah engkang minulyo
Dinten meniko kito sampun ngancik tanggal 17 wonten ing sasi dzul qo’dah, ateges sekedap maleh kitho badhe mlebet wong ing wulan besar/dzulhijjah. Magepo’an kaliyan wulan dzul hijjah, wonten salah setunggalipun amal engkang sanget agung ganjaranipun, enggeh puniko qurban. Dan bahkan sebagian ulama’ wonten engkang menghukumi termasuk ibadah wajib bagi engkang mampu.
Gegayutan kaliyan udzhiyyah utawi qurban meniko, wonten beberapa hal engkang sanget penting dipun mangertosi:
1.      Dipun haramaken  bagi tiyang engkang berqurban motong rambut kaliyan kuku awit saking tanggal 1 dzulhijjah dumugi  hewan qurbanipun dipun belih. HR. Muslim 1977
إذا رأيتم هلال ذي الحجة وأراد أحدكم أن يضحي فليمسك عن شعره وأظفاره
Wonten salah setunggalipun dawuh:
فلا يأخذنَّ من شعره ومن أظفاره شيئاً حتى يضحي

2.      Dumateng tiyang engkang kurban utawi panitia kurban, Dipun larang  memperjualbelikan sebagian saking hasil sembelihan, baik engkang arupi kulit, rambut, daging, sungu, balung lan lintu-lintunipun. Artosipun sedoyo kedah dipun bagi.
وَلاَ تَبِيعُوا لُحُومَ الْهَدْىِ وَالأَضَاحِىِّ فَكُلُوا وَتَصَدَّقُوا وَاسْتَمْتِعُوا بِجُلُودِهَا وَلاَ تَبِيعُوهَا
ojo adol siro kabeh ing hasil belihanane hadyu lan hasil belihaneudhiyyah/ kurban .mongko becik podho mangano siro kabeh, lan shodaqoho siro kabeh, lan seneng-senengo siro kabeh kelawan kulite belihan iku mahu, lan ojo ngedol siro kabeh ing kulit belehan iku mau..” HR. Ahmad no. 16256, 4/15. Syaikh Syu’aib Al Arnauth dawuh  bilih sanad hadits meniko dho’if (lemah).
Senajan hadits kasebat dho’if, dodolan hasil sembelihan qurban tetep  dipun larang. Alasanipun , qurban dipun persembahaken  kagem taqorrub/mendekatkan diri  dumateng gusti Allah sehinggo mboten pareng diperjualbelikan.
Saking andedasar meniko, mboten pas praktekipun  sebagian kaum muslimin nalikonipun nglampahi ibadah kurban meniko kanthi ngedol hasil qurban.
Termasuk engkang sering terjadi enggih puniko ngedol kulit. Bahkan babakan ngedol kulit meniko wonten hadits khusus engkang nglarang. Dari Abu Hurairah, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,
مَنْ بَاعَ جِلْدَ أُضْحِيَّتِهِ فَلاَ أُضْحِيَّةَ لَهُ
sing sopo wonge ngedol kulit hasil sembelihan qurban mongkoora ono ganjaran qurban tumrap wong iku mau. (HR. Al Hakim. Panjenenganipun dawuhaken bilih hadits meniko shahih. Lihat Shahih At Targhib wa At Tarhib no. 1088.)
Saran kulo kagem  tiyang engkang nglampahi ibadah qurban: kedahipun  kulit kurban dipun serahaken secara cuma-cuma  dumateng sinten kemawon engkang ambetahaken, saget dipun paringaken dumateng fakir miskin, pondok pesantren, yayasan social lan lintu-lintunipun. Sak sampunipun diserahaken arupi kulit kolo wau, terserah piyamba’e bade dipun manfaataken kagem menopo. Sak umpaminipun engkang nampi kulit kolowahu badhe ngedol, maka meniko diparengaken (sing ngedol kersanipun mustahik piyambak).  Lan hasilipun tetep dimanfaataken kagem tiyang engkang nampi kulit qurban  kolowahu lan mboten pareng dipun manfaataken dening shohibul qurban utawi panitia qurban (wakil shohibul qurban).
3.      Dumateng tiyang engkang kurban utawi panitia kurban, dipun larang maringi upah dating jagal saking hasil sembelihan qurban. Dalilipun riwayat engkang disebataken sayyidina ‘Ali bin Abi Tholib,
أَمَرَنِى رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- أَنْ أَقُومَ عَلَى بُدْنِهِ وَأَنْ أَتَصَدَّقَ بِلَحْمِهَا وَجُلُودِهَا وَأَجِلَّتِهَا وَأَنْ لاَ أُعْطِىَ الْجَزَّارَ مِنْهَا قَالَ « نَحْنُ نُعْطِيهِ مِنْ عِنْدِنَا ».
“Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam wis perintah marang aku (sayyidina ali) kangge ngurusi unta-unta qurbanipun  beliau. Aku nyodaqohake daging, kulit, lan  punuk. Lan aku ora maringi marang jagal ing bagian songko hasil sembelihan qurban. Sayyidina ali  dawuh, “kito bakal ngawehake upah marang tukang jagal saking diut kito dewe”.
Saking hadis puniko, An Nawawi rahimahullah  dawuhaken, “mboten diparengaken maringi upah tukang jagal sebagian saking hasil sembelihan qurban. Menikolah pendapat ulama-ulama Syafi’iyah, Imam Malik, Imam Ahmad dan Ishaq.”
Sehingga engkang  tepat, upah jagal mboten dipundutaken saking hasil sembelihan qurban. Tapi shohibul qurban kedahipun  nyediyaaken upah khusus saking kantongipun piyambak kagem tukang jagal kolo wahu.
Menikolah beberapa hal engkang sanget penting dipun mangertosi tumrapipun tiyang engkang badhe anglampahi ibadah qurban lan panitia kurban, mugi-mugi wonten gino lan manfaatipun kagem kito sedoyo, lan mugi-mugi Allah swt paring rezeki engkang berlimpah dumateng kitho sedoyo, sahinggo kito saget ibadah qurban. Amin ya rabbal alamien.

بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَجَعَلَنَا اللهُ مِنَ الَّذِيْنَ يَسْتَمِعُوْنَ الْقَوْلَ فَيَتَّبِعُوْنَ أَحْسَنَهُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِـرُ الله لِيْ وَلَكُمْ, .:أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ  : إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ -فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ -إ ِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الأبْتَرُ ٣
اَلْحَمْدُ لِلّهِ حَمْدًاكَثِيْرًاكَمَااَمَرَ. وَاَشْهَدُاَنْ لاَاِلهَ اِلاَّللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ. اِرْغَامًالِمَنْ جَحَدَبِهِ وَكَفَرَ. وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُاْلاِنْسِ وَالْبَشَرِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَااتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ
اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَحَافِظُوْاعَلىَ الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَفِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ. فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاًعَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْاتَسْلِيْمًا. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. كَمَاصَلَّيْتَ عَلىَ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ. فىَ الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌمَجِيْدٌ
اَللّهُمَّ اغْفِرْلِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَاوَاهِبَ الْعَطِيَّاتِ. اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّاالْغَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ. وَسُوْءَالْفِتَنِ مَاظَهَرَمِنْهَا وَمَابَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَاخَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِبَلاَدِالْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ.    رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَااَتِنَافِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar