الحمد لله أرسل رسوله بالهدى و
دين الحقّ ليظهره على الدّين كلِّه ولو كره المشركون، أشهد ان لا اله الاّ الله
وحده لا شريك له، و أشهد انّ محمّدا عبده ورسوله لا نبي بعده، اللهم صلّ و سلّم
علت سيدنا محمّد و على اله وصحبه أجمعين. أما بعد فيا أيها الحاضرون رحمكم الله،
أوصيكم و إياّي بتقوى الله فقد فازا المتقون.
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah, wonten kesempatan meniko kulo ngajak
kito sedoyo sopados tansah dados hamba2nipun Allah ingkang muttaqin, inggih
meniko taqwo domateng Allah kanti njalanaken perintahpun lan nebihi
laranganipun.
Hadirin rahimakumllah, nikmat Allah domateng kito meniko kathah sanget lan
sampun pasti bilih kito mboten bade saget anggenipun ngetang, saking mimbar
khutba meniko monggo kito introspeksi lan koreksi diri, bilih nikmat Allah ingkang
sampun kaparing ing kito arupi rizqi, jabatan, kekuasaan lan
sakpinunggalanipun, ojo2 meniko sedoyo arupi istidroj (panglulu) sebagai akibat
kito sedoyo ngliwaaken peringatan Allah. Ulama ahli tafsir syekh ibnu kasir
nggambaraken bentuk kehidupan tiang istidroj meniko dipun tengarai bilih Allah
bukaanken pintu rizqi ngantos2 tiang2 terpedaya kalih rizqi kolowau lan
nganggeb bilih deweke sing paling unggul ! kata istidroj dipun dawuhaken wonten
alqur’an
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا
بِآيَاتِنَا سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُونَ
Lan wong2 kang podo ndustakake ayat2 ingsun, ingsun bakal narik deweke
kanti berangsur2 kanti nganggo coro kang ora deweke ngerteni”
Hadirin rohimakumullah, sebagai renungan, monggo kito tingali lan fahami
pendapatipun syek ahmad ibnu athoilah wonten maqolah ingkan uninipun
خفْ مِن
وجود إحسانه إليكَ و دوامِ إسأَتِكَ معه ان يكون ذلك إستدراجا لك
Wediho siro yen tansah oleh karunia Allah, lan siro kabeh tansah ono ing
penggawean maksiat marang Allah ojo sampe karunia iku mau mung istidroj soko
Allah taala
Ngantos ing mriki kadose sampun saget dipun pahami bilih tiang ingkang
ngejaraken uripipun bergelimang harta kanti maksiat lan wantun mbangkang
syariat Allah mongko tiang niku dalam kondisi istidroj. Allah
ngejaraken mawon rien lan mbukaaken pintu rizqi, kesenangan, pangkat lan
jabatan lan deweke ngiro bilih donyo niki ono ing gemgeman tangane lan deweke
agawe sakkarepe tetapi adzab Allah mandap tatkala tiang kolo wau wonten ing
posisi lagi seneng2e........ kathah sanget conto2ipun tiang ingkang sugih lali
ngibadah namung foya2 lan hartane sansoyo tambah kemudian dumadaan tompo
musibah hinggo akhire setres bondone telas lan sakit2en. Naudzubillahi min
dzalik.
Hadirin rahimakumullah, Allah SWT andawuhaken wonten alqur’an alkarim
فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا
بِهِ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ أَبْوَابَ كُلِّ شَيْءٍ حَتَّى إِذَا فَرِحُوا بِمَا
أُوتُوا أَخَذْنَاهُمْ بَغْتَةً فَإِذَا هُمْ مُبْلِسُونَ
Mongko tatkalane deweke nglalekake peringatan kang wus densampeake marang
deweke.Ingsun bukakake sekabaheane lawang kanggo deweke, sehinggo lek deweke
seneng kanti opo kang wus denparingake iku, mongko ingsun nyikso kanti
saknaliko, mongko ing wektu iku deweke putusasa.
Hadirin rohimakumullah, saking ayat ing nginggil saget ditingali bilih
wonten 5 tahapan ingkang dipun hadapi kalian tiang ingkang nglaleaken
peringatanipun Allah.
Sepindah: falammaa nasuu laa dzukkiruubih, mongko tatkalane deweke
nglalekake peringatan kang wus denparengake marang deweke. Nglaleake berarti
ora kelingan utowo ora nyadari tetapai sengojo lali, deweke nganggep agama iku
mbebani marang deweke.
Kaping kalih: fatachnaa alaihim abwaaba kulli syai’in (ingsun bukaake
sekabehane macem2 kenikmatan ingkang dadi istidroj marang deweke) ing kene biso
arupo rizqi rupo pangkat lan kemewahan kang ndadeake deweke terperdaya koyo2
dunyo iku ono ing kekuasaane
Kaping tigo: chattaa idzaa farichuu bimaa uutuu (sehinggo tatkalane deweke
seneng marang opo kang wus denparingaken) hadirin, tiang2 ingkang wonten posisi
istidroj meniko wonten kahanan ingkan seneng jalaran Allah tansah nglulu
kepinginane sehinggo deweke sansoyo terperdaya
Ingkang kaping sekawan: akhodnaahum baghtatan (mongko insun sikso deweke
kanti saknaliko) sikso Allah wonten mriki mboten Cuma ing akhirat tapi selagine
ing dunyo saget ngraosaken kesusahan, kadosto bilih dumadaan sedoyo kesugiahn
lan kenikmatanaipun dipun pundut kaleh Allah ditambah tompo musihbah niscoyo
deweke bakal ngrasaake kesusahan kang banget
Ingkang kaping gangsal: faidzaa hum mublisuun (mongko ing wektu iku deweke
putus asa) hadirin rohimakumullah, ing tahapan kang kaping gangsal niki
dewekipun dipun renggut kenikmatanipun sehing dadi tiang ingkan mrihatinaken
sanget, panik, kesusahan, masadepanipun peteng lan putus asa lan deweke jatuh
wonten tengah2 lingkungan masyarakatipun
Hadirin rohimakumullah, yen sampun kados mekaten mongko supados saget
terhindar saking bahaya istidroj sayogyanipun kito tansah istiqomah wanten
jalanipun Allah kanti taat nglaksanaaken perintahipun lan nebihi awisanipun
وَأَلَّوِ اسْتَقَامُوا عَلَى
الطَّرِيقَةِ لَأَسْقَيْنَاهُمْ مَاءً غَدَقًا
Lan lamun deweke tetep mlaku lurus ono ing dalan islam, yekti temen2 ingsun
bakal paring ngombe marang deweke kanti banyu kang seger
Mekaten khutbah ingkang saget kawulo sampeaken, monggo kito tansah dedungo
domateng Allah kang Moho Kuoso, supados kito lan anak turun kito tansah dipun
tebihaken kalih Allah saking istidroj ingkang manis awalipun nanging pahit
akhiripun, amin ya Robbal alamin
بارك
الله لي ولكم في القرآن العظيم - ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات والذكر الحكيم -
وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم – أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم
لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور
الرحيم.
الخطبة
الثانية
َلْحَمْدُ
لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، اَلْمُتَعَالِيْ عَنِ الْمُشَارَكَةِ
وَالْمُشَاكَلَةِ لِسَائِرِ الْبَشَرِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا صَلَّى اللهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الْمُعْتَبَرُ. وَاعْلَمُوْا
أَنَّ اللهَ سُبْحَانَهُ صَلَّى عَلَى نَبِيِّهِ قَدِيْمًا. إِنَّ اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا
صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
سيدنا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى
آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا
مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا
إِبْرَاهِيْمَ، فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ وَغَافِرَ الذُّنُوْبِ وَالْخَطِيْئَاتِ
بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. , اللهم اصلح جميع ولاة المسلمين وانصر
الاسلام والمسلمين , واهلك الكفرة والمشركين , واعل كلماتك الى يوم الدين. اَللّهُمَّ ادْفَعْ
عَنَّاالْغَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ.
وَسُوْءَالْفِتَنِ مَاظَهَرَمِنْهَا وَمَابَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَاخَاصَّةً وَعَنْ
سَائِرِبَلاَدِالْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا،
وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ
لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَااَتِنَافِى الدُّنْيَا
حَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Tidak ada komentar:
Posting Komentar