Search

Senin, 08 September 2014

TAWAKKAL BAHASA JAWA



اَلْحَمْدُ للهِ اَّلذِى هَدَانَا ِلهَذَا وَمَا كُنَّا ِلنَهْتَدِيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَااللهُاَشْهَدُ اَنْ لآاِلَهَ اِلاَّاللهُ وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَ بَعْدَهُ لاَحَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّ بِاللهَ اْلعَلِيِّ اْلعَظِيْمِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَ نَا مُحَمَّدٍ خَتَمِ اْلأَ نْبِيِاءِ وَاْلمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمِ. فَيَا اَيُّهَااْلُمْسِلُمُوْنَ فَيَا اَيُّهَا اْلُمؤْمِنُوْنَ رَحِمَكُمُ الله اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله : ِإتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَالَ تَعَاَلى فِي كِتَابِهِ اْلكَرِيْمِ :أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ  : وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللهِ جَمِيْعَا وَلاَ تَفَرَّقُوْا وَاْذكُرُوْا نِعْمَةََ  اللهِ عَلَيْكُمْ اِذْ كُنْتُمْ اَعْدآءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهِ ى  ِاخْوَانًا.

Poro Hadirin Sidang Jum’t Rokhimakumulloh.
          Monggo kito tansah ningkataken anggen kito sami TAQWAlloh saben ndintenipun, kranten  kanthi TAQWA, kito sedoyo saget manggeh keslametan dunia akhirat.
            Monggo samiho tansah nindaaken kesabaran, langkung2 naliko nampi ujian saking alloh, sebab kito gesang meniko temtu dipun uji deneng alloh, kang supados saget dipun sumrapi pundi tiyang ingkang leres2 saestu iman dateng alloh, ujian kolo wahu ugi maneko warni, wonten ingkang arupi luwe / kekirangan sandang pangan,ajreh sudo bondonipun/jiwonipun, ajreh rugi daganganipun soho lintu2nipun. Lan sabar puniko penting2ipun perkawis, kranten sarono sabar meniko sedoyo perkawis ingkang dados cita2nipun bade khasel.
قال الله تعلى: ولنبلونكم بشيئ من الخوف والجوع ونقص من الاموال والانفس والثمرات وبشر الصابرين*الذين اذا اصابت هم مصيبة قالوا انا لله وانا اليه راجعون
            Ingkang artosipun kirang langkung mekaten: lan sak temene ingsun (alloh) nyubo ing siro kabeh kelawan rupo2ning sifat wedi, luwe, sudo bandane, jiwane, lan sudo penghasilane. Lan aweho bebungah siro Muhammad ing wong kang podo biso netepi sabar, kelawan bakal oleh suwargo.
            Tiyang sabar inggih meniko tiyang ingkang wekdal nampi musibah / bilahi piyambak ipun tansah nyebut inna lillahi wainna ilai roji’un. (yakin sak lebetipun manah bilih, sak istunipun kulo sedoyo meniko,kagunganipun alloh, kulo sedoyo dumateng gusti alloh inggih bade wangsul).

عن عبد الله ابن عباس قال : كنت خلف النبيى يوما فقال: ياغلم انى اعلمك كلمات احفظ الله يحفظك احفظ الله تجده تجاهك*اذاسالت فاسال الله واذاستعنت فاستعن بالله واعلم ان الامةلو اجتمعت على ان ينفعوك بشيئ لم ينفعوك الا بشيئ قدكتبه الله لك*واذااجمعت على ان يضروك بشيئ لم يضروك الا بشيئ قد كتبه الله عليك رفعت الاقلم وجفت الصحف رواه ترمذى
             Ingkang arosipun: Sohabat abdulloh bin abas r.a wonten wingkingipun kanjeng nabi, midanget kanjeng nabi dawuh: ya… ghulam! Ingsun kepingin mulang maring sliramu sing cekak aos yoiku: sliramu sing supoyo ngrekso ing pangeran siro, tegese ngrekso ing ferdlu2ne gusti alloh, khad2te alloh, lan tansah netepi taqwa soho ngedohi larang2ane alloh utawo barang kang ora di ridloni deneng alloh, sing koyo mengkunu iku gusti alloh mesti banjur ngrekso marang siro, ngrekso ingdalem awak siro, anak2 bojo siro, lan donyo siro, soho agomo siro, luweh2 ngrekso ingdalem ati: lan persasat ono ing ngarep siro, naliko siro nyuwun, nyuwuno marang alloh ta’ala,lan naliko siro butuh pitulungan , nyuwuno pitulungan maring alloh ta’ala, ojo pisan2 ghulam.. sliramu kumandel marang pitulungan/pawewehing menungso. Sebab menungso iku haqiqine podo sliramu, lan sliramu duweho keyakinan saumpamo manungso sak alam dunyo kumpul dadi siji saperlu weweh manfa’at marang sliramu iku mekso ora biso, kejobo perkoro kang wis dadi pestine alloh ta’ala. Semono ugo sebalike wong sak alam dunyo dadi siji saperlu gawe mlarat marang sliramu tetep ora biso, kejobo perkoro kang wus pinesti deneng alloh ta’ala. Kabeh mahu wus ono pestine lan tulisane ono ing azali. qolam wus diangkat lan kertas wus garing dadi pestine gusti alloh.  
Hadirin Sidang Jum’t Rokhimakumulloh.
Mangertoso bileh hadis kasebat ageng sanget manfa’atipun lan dados modal ingkang ageng, kangge njagi haq2 ipun alloh, soho masrahaken pribadi kito dateng alloh. Riwayat lintu kanjeng nabi ugi dawuh maleh…

* وقال حد يث حسن وفى رواية غيرالترمذى احفظ الله تجد ه امامك تعرف الى الله فى رخائي يعرفك فى الشدة واعلم ان ما اخطئك لم يكن ليصيبك وما اصابك لم يكن ليحطئك  * واعلم ان النصرمع الصبر وان الفرج مع الكرب وان مع العسريسرا*    
            Ingkang artosipun kirang langkung mekaten: ngreksoho siro ing alloh, mongko alloh ugo mesti ngrekso ing siro, lan persasat ono ing ngarep siro, ngenalo siro marang alloh ingdalem wektu bungah, kang supoyo alloh ta’ala mengko mirsani siro ingdalem wektu susah, weruho yen barang mahu wus kapesti luput ing siro mesti ora bakal ngenani ing siro, sebalike endi2 barang kang wus kapesti tumibo ing siro, mongko mesti ora bakal luput ngenani ing siro, lan ngertiho ghulam.. yen pitulung iku ora bakal tumeko tanpo kesabaran. Semono ugo bungah iku tumeko dikanteni nglakoni susah luwih disik, lan gampang iku kudu kangelan luwih disik.
            Selajengipun wonten pitakenan mekaten, menopo lepat nyuwun pitulungan dateng  sesami menungso?
Jawabipun: boten , menggah aturan syae’at, malah wonten dawuh qur’an:

وتعاونوا على البر والتقوى ولا تعاونوا على الاثم والعدوان
Artosipun:Podo tetulungo siro kabeh ingatase penggawe kang becik lan taqwa, lan ojo tetulung siro kabeh ingatase penggawe doso lan memungsuhan.
            Dados naliko nyuwun tulung dateng sesami menungso meniko manahipun kedah neqodaken bilih ingkang saget nulungi haqeqodipun inggih namung gusti alloh, lumantar menungso, dados manungso kolo wahu namung dados sababiyahipun tiyang nampi pitulungan.
            Walkhasil: qito kedah nindaaken syare’at ugi haqeqot, sarea’t meniko dados urusanipun kawulo, wondene haqeqot meniko dados urusanipun pengeran. Ing akhiripun syari’at tanpo haqeqot ler kadyo rogo tanpo nyowo. Menggah Syare’at tiyang meniko wajib hukumipun ihtiyar, wondene secara hakekot manah kedah sumarah dateng ngerso dalem alloh saw.
            Pramilo tiyang naliko katemben nembe nampi cobi saking alloh arupi sakit, kekirangan rizqinipun/ lintunipun boten kengeng lajeng putusasa, nanging kedah tansah ngajeng2 dateng rohmat dalem alloh, jalaran sedoyo karupekan meniko temtu wonten jembaripun, sedoyo perkawis ingkang bundle temtu bade udar. Ugi sedoyo masalah mesti wonten jalan medalipun.
            Mugi2 alloh tansah maringi ma’unah, taufiq ugi hidayahipun menggah kito sedoyo, inggih puniko pinaringono sifat sabar ingkang ageng damel ngadepi permasalahan2 ipun gesang ing alam dunyo meniko.amii……….n.   
 
َبارَكَ اللهُ فىِ القُرْاَنِ العَظِيْمِ وَنَعَنِى وَإِيَّاكُمْ بِتِلاَوَتِهِ إِنَّهُ هُوَ الذِّكْرُ الحَكِيْمِ وَاسْتَغْفِرُاللهُ لِى وَلَكُمْ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الْرََّحِيْمِ

اَلْحَمْدُ للهِ اَّلذِى كَرَّمَ بَنِى أَدَمَ بِالعِلْمِ وَالْعَمَلِ .  اَشْهَدُ اَنْ لآاِلَهَ اِلاَّاللهُ وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَ بَعْدَهُ لاَحَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّ بِاللهَ اْلعَلِيِّ اْلعَظِيْمِ. . فَيَا اَيُّهَا اْلُمؤْمِنُوْنَ رَحِمَكُمُ الله اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله : ِإتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ . وَقَالَ تَعَاَلى فِي كِتَابِهِ اْلكَرِيْمِ :أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : إِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا : اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّد ِنَا وَمَوْلاَ نَا مُحَمَّدٍ خَتَمِ اْلأَ نْبِيِاءِ وَاْلمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ وَتَابِعِيْنَ  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الِدّيْنِ وَاْرضَى الله عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ .اَلَّلهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ اَلأَ حْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شْيءٍ قَدِ ْيٌر* اَلَّلهُمَّ اَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا التِّبَاعَةَ وَاَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَةِ * اَلَّلهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلَبلاَءِ وَاْلغَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَاْلفَخْشَاءَ وَاْلمُنْكَرَ وَسُيُوْفَ اْلُمْخَتِلفَةَ  وَالشَّدَائِدَ وَاْلِمحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَا صَّةً وَمِنْ بُلْدَاِن اْلمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيءٍ قَدِ ْيٌر  * اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا ِمنْ عِبَادِ كَ   الصَّالِحِيْنَ  وَاجْعَلْنَا ِمنْ عِبَادِ كَ الْمُتَّقِيْنَ وَاجْعَلْنَا ِمنْ عِبَادِ كَ الْمُفْلِحيْنَ وَاجْعَلْنَا ِمنْ عِبَادِ ك َالشَّاكِرِيْنَ وَاجْعَلْنَا ِمنْ عِبَادِ ك الَّذِيْنَ اَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ غَيْرِالْمَغْضُوْبِ عَلَيْهِمْ وَلاَ الضَّالِّيْنَ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar